ads

Isi Serat Kalatidha

Transkripsi Ortografi

Bebuka-wahyaning arda rubeda/ Ki Pujangga amengeti/ mesu cipta mati-raga/ mudhar warananing gaib/ sasmitaning sakalir/ ruweding sarwa pakewuh/ wiwaling kang arana/ dadi badaling hyang widdhi/ amedharken paribawaning bawana//

Mangkya darajating praja/ kawuryan wus sunya ruri/ rurah pangrehing ukara/ karana tanpa palupi/ ponang parameng kawi/ kawileting tyas malatkung/ kongas kasudiranira/ tidhem tandaning dumadi/ ardayeng rat dening karoban rubeda// retune ratu utama/ patihe patih linuwih/ pra nayaka tyas raharja/ panekare becik-becik/ parandene tan dadi/ paliyasing kalabendu/ malah makin andadra/ rubeda kang ngreribeti/ beda-beda ardane wong sanagara// katatangi tangisira/ sira sang paramengkawi/ kawileting tyas duhkita/ kataman ing reh wirangi/ dening upaya sandi/ samaruna anarawung/ pangimur manuhara/met pamrih melik pakolih/ temah suha ing karsa tanpa weweka// dhasarkaroban pawarta/ bebaratan ujar lamis/ pinudya dadya pangarsa/ wekasan malah kawuri/ yen pinikir sayekti/ pedah apa aneng ngayun/ andhedher kaluputan/ sisniraman banyulali/ lamun tuwuh dadi kakembanging beka// ujaring panitisastra/ awawarah asung peling/ ing jaman keneng musibat/ wong ambek jatmika kontit/ mengkono yen niteni/ pedah apa amituhu/ pawarta lalaworan/ mundhak angreranta ati/ angurbaya ngiketa cariteng kuna// keni kinarya darsana/ panglimbang ala lan becik/ sayekti akeh kewala/ lelakon kang dadi tamsil/ masalahing ngaurip/ wahanira tinemu/ temahan anarima/ mupus pepasthening takdir/ puluih-puluh anglakoni kaelokan// amenangi jaman edan/ ewuh-aya ing pambudi/ melu edan nora tahan/ yen tan melu anglakoni/ boya kaduman melik/ kaliren wekasanipun/ dilalah karsa Allah/begja-begjaning kang lali/ luwih begja kang eling lawan waspada// samaono iku bebasan/ padu-padune kepengin/ enggih mekoten man Dhoplang/ bener ingkang angarani/ nanging sajroning batin/ sajatine nyamut-nyamut/wis tuwa are papa/ muhung mahas ing asepi/ supayantuk parimarwaning Hyang Suksma// beda lan kang wus santosa/ kinarilan ing Hyang Widdhi/ satiba malanganeya/ tan susah ngupaya kasil/ saking mangunah prapti/ pangeran paring pitulung/ marga samaning titah/ rupa sabarag pakolih/ parandenemaksih taberi ihtiyar//

Parafrase

Bebuka : Ki Pujangga ngelingake yen wetune hawa nepsu lan alangan bisa katambani kanthi ngudi piker lan aja nurut pepenginane awak, supaya ucul aling-alinging gaib, iku mau pratandha yen kabeh bundhet lan alangan wis oncat saka eling-elingane, dadi sesulihe Hyang Widdi ngetokake pangapesane jagad.

Kahanan Negara saiki wis saya bubrah, tatanan bab unggah-ungguh basa wus ora dinut, merga tanpa tuladha bab kawruh basa, bakal kathut dening kaendhahan kang sayekti kleru, pungkasane ndadekake alangan.

Satenane rajane wus apik/becik, patihe lantip, kabeh padoming Negara uga masyarakat becik, ananging kabeh kuwi ora nuwuhake kabecikan. Merga dayane jaman Kalabendu , kabeh rubeda sarta alangan malah saya ngambra-ambra. Kabeh mau dijalari pepinginane saben wong ing Negara kuwi ora nyawiji.

Wektu kuwi atine sang pujangga lagi sedih, amarga diasorake wong . sang pujangga isin merga tumindake wong mau. Wong kuwi mau kaya-kaya menehi pangarep sik apik, kang njalari sang pujangga bungah atine, banjur pungkasane ora waspada.

perkarane mung merga kabar sing during mesthi benere, arep didadekake pemimpin ananging kasunyatane ora bener, malah ora digatekake babarpisan, sejatine wis dipikirake, apa ta gunane dadi pemimpin ? Mung arep gawe kaluputan wae, luwih-luwih lali karo awake dhewe, mung ndadekake repot.

Miturut buku panentukti sastra, sejatine wis ana pratandha. Ing jaman kang akeh rubeda iki eong kang nduweni budi kang luhur ora kanggo. Samoro uga yen awake dhewe nliti, apa gunane precaya kabar kang durung genah dununge, mung bakal nyusahake ati wae. Luwih becik gawe karya –karya bab crita ing jaman dhisik wae.

Gawe karya bab crita ing jaman dhisik kuwi bisa dadi tuladha-tuladha saka crita jaman dhisik, crita kuwi nengenake bab panguripan kang bisa ngedemake ati, pungkasane bisa nrima marang kuwasaning Gusti, kabeh mau dijalari amarga nandhang kadadean ala kang ora ana rampunge.

Urip ing jaman edan, pancen abot, arep melu ora tegel , ananging yen ora melu ora entuk apa-apa, pungkasane bisa nrima marang kuwasaning Gusti, kabeh mau dijalari marga nandhang kadadean ala kang ora rampunge.

Urip ing jaman edan, pancen abot, arep melu ora tegel, ananging yen ora melu ora entuk apa-apa, pungkasane mung ndadekake kaliren. Nanging iku kabeh wis dadi kersane Gusti , sabegja-sabegja wong lali , isih luwih begja wong kang eling lan waspada marang gusti

Kabeh kuwi sejatine amarga kepinginane ati, bener ta, pancen bener yen ana sing ngarani kaya ngene, nanging sadjroning batin morat-marit. Wis tuwa are papa, apa meneh sing digoleki, luwih becik nyedak marang Gusti wis pikantsti.

Beda maneh kanggo wong sing wis santosa, kang rahmat saika Gusti , kepiye wae nasibe bakal apik, ora perlu angel-angel ngupaya. Saka kaluwihan pangeran bisa menehi pitulung, merga prentahe, wujud apa wae kang didhawuhake , mesthi kudu dibarengi ikhtar.

Transliterasi

Sang Pujangga mengingatkan bahwa keluarganya hawa nafsu dan halangan bisa dinobati dengan mengasah pikiran dan jangan hanya menuruti keinginan diri, supaya lepas dari pengaruh gaib, semua itu pertanda bahwa sudah ruwet dan halangan itu sudah muncul, jadi sang Hyang Widdi sudah mengeluarkan kekuasannya, sehingga dunia menjadi hancur.

Keadaan Negara waktu sekarang , sudah semakin rusak. Tatanan mengenai sopan santun dalam bertindak sudah tidak dianut lagi, karena sudah tidak ada lagi yang dijadikan contoh tentang tatacara berbahasa. Semua terpengaruh akan keindahan yang sebenarnya menyesatkan. Pada akhirnya semua itu akan menjadikan halangan.

Sebenarnya raja termasuk raja yang baik, patihnya juga cerdik, semua anak buah hatinya baik, pemuka-pemuka masyarakat baik, namun segalanya itu tidak menyiptakan kebaikan, oleh karena adanya jaman kalla bendu. Bahkan kerepotan-kerepotan semakin menjadi-jadi . setiap orang memiliki pikiran dan penemuanya masing-masing.

Waktu itulah perasaan sang pujangga menangis , penuh kesedihan, mendapatkan hinaan dan malu, akibat dari perbuatan seseorang. Tampak orang tersebut member harapan menghibur Sang Pujangga menjadi gembira. Akan tetapi kegembiraan itu membuat sang pujangga menjadi kurang waspada.

Persoalanya hanyalah karena kabar angin yang tiada menentu. Akan ditempatkan sebagai pemuka tetapi akhirnya sama sekali tidak benar, bahkan tidak mendapatkan perhatian sama sekali. Sebenarnya bila direnungkan kalah, apa sih gunanya menjadi pemimpin/pemuka??. Hanya akan membuat kesalahan-kesalahan saja. Lebih-lebih bila lupa diri, yang hasilnya tidak lain hanyalah kerepotan .

Menurut buku Panitisan (Ahli Sastra ), sebenarnya sudah ad peringatan. Didalam jaman yang penuh kerepotan dan kebatilan ini, orang yang berbudi tidak terpakai. Demikian jika kita teliti . apakah gunanya menyakini kabar angin yang akibatnya hanya akan menyusahkan hati saja. Lebih baik membuat karya-karya kisah jaman dahulu.

Membuat kisah lama ini dapat dipakai kaca benggala, yang berfungsi unruk membendingkan perbuatan yang salah dan benar. Sebenarnya banyak sekali contoh-contoh dalam kisah lama, mengenahi kehidupan yang dapat mendinginkan hati, akhirnya menerima dan menyerahkan diri kepada Tuhan. Segalanya itu menghalangi kejadian yang aneh-aneh.

Hidup dijaman yang edan, memang repot. Akan tetapi mau mengikuti tidak sampai hati, tetapi kalau tidak mengikuti tidak akan mandapatkan apapun. Akhirnya dapat derita kelaparan . namun lebih bahagia lagi senantiasa ingan waspada,

Segalanya itu sebenarnya dikarenakan keinginan hati. Benar bukan ? Memang benar kalaau ada yang mengatakan demikian. Namun sebenarnya didalam hati repot juga . sekarang sudah tua apalagi yang dicari. Lebih baik mendekatkan diri agar mendapatkan ampunan dari tuhan.

Lain lagi bagi yang imanya sudah kuat. Mereka sudah mendapat rahmat dari Tuhan. Bagaimanapun nasibya selalu baik tidak perlu bersusah payah tiba-tiba mendapat anugrah. Namun deikian mereka harus tetap berihktiyar.

reff :https://budayasenijawa.wordpress.com
0 Komentar untuk "Isi Serat Kalatidha"

Jazakumullahu Khairan Katsiran ya Akhi wa Ukhti Ajma'in . . . . . !!!

Back To Top