Ngawiti
ingsun nglaras syingiran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kanikmatan
Rino
wengine tanpo pitungan
Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syariat bloko
Gur pinter
ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal Quran Hadise
Seneng ngafirke marang
liyane
Kafire dewe dak digatekke
Yen isih
kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing
pepahese gebyareng dunyo
Iri lan meri sugieh tonggo
Mulo atine
peteng lan nisto
Ayuh sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sa'pranatane
nggo
ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh bagus atine
Kerono
mapan sari ngelmune
Laku torikot lan ma'rifate
Ugo hakikot
manjing rasane
Al Quran Qodim wahyu minulyo
Tanpo
tinulis iso diwoco
Iku wejangan gusu waskito
Den
tanjebake ing jero dodo
Kumantil ati lan pikiran
Ngrasuk ing badan kabeh
jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman
Minongko
dalan manjinge iman
Kelawan Alloh kang moho suci
Butuh
rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadlohi
Dzikir lan
suluk jog nganti lali
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar
narimo nadjan pas-pasan
Kabeh dinakdir saking pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo
Podo
rukuno
Iku sunnaeh rosul kang mulyo
Nabi
Muhammad panutan kito
Ayuh ngelakoni sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat
drajate
Senadjan asor toto dzohire
Ananging
mulyo makom drajate
Lamon palastro ing pungkasane
Ora kesasar
roh lan sukmane
Den gadang Alloh suwargo manggone
Utuh
mayite ugo ulese